CERKAK
![]() |
Materi Bahasa Jawa Kelas X, Cerkak |
A. Pengertian
Cerkak yaiku cerita gancaran kang ngandut prastawa kang ora dawa lan ora akeh alur ceritane.B. Ciri- cirine/ Titikane
- Lumrahe kurang saka sewu tembung
- Diwaca sakeplasan ( 1 kali )
- Cacahe paraga mung sitik
- Cerkak kuwi asipat naratif
- Tokoh kang dicritakake ora nganti owah saka nasibe
- Sifate reka- reka
C. Unsur- unsur intrinsike cerkak
1)Tema/ underanYaiku pokok masalahe crita utawa lelandhasane/ dasar crita
2)Amanat
Yaiku pepeling kang kinandhut ing crita iku utawa pesen pangripta marang pamaca. Pepeling/ pesen arupa ajaran moral utawa pendhidikan.
3)Paraga lan watak paraga ( lakon )
Paraga yaiku wong singg marragani crita.
Paraga kaperang dadi 3 :
1. Paraga utama ( apik )/ protagonis
2. Paraga mungsuh/ antagonis
3. Paraga tambahan/ tritagonis
Watak yaiku carane pengarang njlentrahake karakter tokoh ana ing crita
4)Padunungan, wektu, lan swasana crita ( latar/ setting )
Yaiku unsur kang ana gegayutane karo panggonan, wektu, sosial, lan swasana kang ndhasari kedadean ing cria iku.
5)Alur crita ( plot )
Yaiku rantamane crita sing sinambungan mbentuk crita/ lakuning crita/ urut- urutane crita. Alur : maju, flashback, & campuran
6)Pamawas/ sudut pandang
Yaiku carane pangripta netepase dirine ing crita/ kalunggahane pangripta sajroning crita. Dadi wong kepisan : dadi paraga utama/ sampingan & dadi wong ketelu: pangripta ora kelibet ing crita.
7)Busananing basa/ gaya bahasa
Yaiku basa kang digunakake pangripta sajronng nyusun crita, supaya crita iku katon endah.