Tembang Macapat Kinanthi

Tembang Macapat Kinanthi
Tembang Macapat Kinanthi
Tembang kinanthi merupakan tembang macapat yang berisi mengenai seorang anak yang memperlukan tuntunan dalam hidupnya. Tuntunan di sini dapat berupa aturan, norma, nilai, adat istiadat yang ada di dalam masyarakat. Tembang kinanthi mengusung perasaan bahagian atau penuh kasih sayang.

Untuk membuat jenis tembang macapat yang satu ini perlu diperhatikan aturannya yaitu

  1. 8u
  2. 8i
  3. 8a
  4. 8i
  5. 8a
  6. 8i. 
Inilah aturan yang perlu diperhatikan. Berikut ini contoh dari tembang kinanthi.

Contoh Tembang Macapat Kinanthi



Kukusing dupa kumelun
Ngeningken tyas kang apekik
Kawengku sagung jajahan
Nanging saget angikipi
Sang resi kaneka putra
Kang anjog saking wiyati


Tembang kinanthi ngganggo tema pendidikan :
kabeh kudu nuntut ilmu (8-u)
kanggo pedomane urip (8-i)
nang donya lan nang akhirat (8-a)
dene ilmu dipahami (8-i)
mula akeh keuntungan (8-a)
lan ketentreman urip (8-i)



Namun tidak hanya itu saja admin akan memberikan contoh tembang kinanthi tentang pendidikan. Berikut tembang kinanthi.

tembang kinanthi tema pendidikan
ayo podo golek ilmu
ilmu kui nomor siji
ing donya ben ora rekasa
ojo lali marang gusti
ben dikei kemudahan
lan dikei dalan apik



wajibe murid puniku
ngudi  ilmu kanthi esthi
angel yen durung diwaca
mula becik den titeni
susah seneng den rasakna
kanggo bekal urip iki

Cakepan kinanthi 1:


Punapata mirah ingsun, prihatin waspa gung mijil, tuhu dhahat tanpa karya, sengkang rinemekan Gusti, gelung rinusak sekarnya, sumawur gambir melathi
Upama tyase mangunkung, mulating sira dyah ari, sayekti melu mangarang, telase riris gumanti, ingkang tarangggana sumyar, remek dening salah kapti
Marmanta mangrurah gelung, lintange merang ningali, mring langening kiswanira, miwah kidang kidang isin, miyarsa ing swaranira, si kidang umpetan tebih
Tuwin kombang kombang geng kung, miyarsa swaranta yayi, kadi merange si kidang, anoning liringireki, mangkana susahing kidang, malah tyarsira lir kanin
Kabot kabotan lung gadhung, wekasan mungkret amuntir, mulat nggonira saduwa, malah malah cengkir gadhing, kang tiba mrih dherangkalan, umpetan mring jurang trebis


Cakepan kinanthi 2 :


Mideringrat hangalangut, lelana njajah nagari, mubeng tepining samodra, sumengka hanggraning wukir, analasak wanawasa, tumuruning jurang trebis
Sayekti kalamun suwung, tangeh miriba kang warni, lan sira pepujaningwang, manawa dhasaring bumi, miwah luhuring akasa, tuwin jroning jalanidi
Iku ta sapa kang weruh, nanging kiraning tyas mami, sanadyan ing bawana, anas kang madha warni, maksih sumeh semu sira, ruruh rarase respati
Myang dedeg pangadegipun, sedeng sedhete mantesi, sembada genging sarira, lelewane milangeni, wiraga raga karana, murwedah hyang hyanging bumi
Manis gapyak lukita rum, dhemes luwes merak ati, susila tyase ngumala, solahe nyudara werdi, jumawut geng kang salaga, pari kudu sun ngengeri


Cakepan kinanthi 3 :

Nalikanira ing dalu, wong agung mangsah semedi, sirep kang bala wanara, sadaya wus sami guling, nadyan ari Sudarsana, wus dangu nggenira guling
Kukusing dupa kumelun, ngeningken tyas sang apekik, kawengku sagung jajahan, nanging sanget hangikibi, sang resi Kanekaputra, kang anjok saking wiyati
Kagyat risang kapirangu, rinangkul kinempit kempit, dhuh sang retnaning bawana, ya ki tukang walang ati, ya ki tukang ngenesing tyas, ya ki tukang kudu gering
Teka ndadak melu melu, kaya budhine wong ceplik, lali yen kalokaningrat, ing bawana amurwani, mustikaning jagad raya, dhemen lalen sanggarungi
Sun iki ngembani wuwus, Dewa Sang Hyang Hodipati, Bathara Suksma kawekas, sira ingkang den paringi, ingkang maosandilata, panguripe wong sabumi.

Video Tembang Macapat Kinanthi



Latihan Soal Tembang Macapat Kinanthi

Latihan Soal Tembang Macapat Kinanthi
Latihan Soal Tembang Macapat Kinanthi


6 comments: Tembang Macapat Kinanthi

  1. Ada baiknya lagu bahasa Jawa di terjemahkan, supaya menasional

    ReplyDelete
    Replies
    1. waduh pak, kalau di terjemahkan di naskah sih ide bagus pak, tapi kalau ditembangkan (dilagukan) kayaknya menyalahi cakepan nanti pak. Terima Kasih sudah Komen pak

      Delete
    2. Pakai subtitle saja klo video.. Kalau yg tertulis tdk apa2..sy amati itu primbon jawa Betaljemur ada dua versi,b.jawa yg ditulis latin dan b. indonesia,mustinya ada lagi versi yg honocoroko

      Delete
    3. dari serat Betaljemur sendiri memang aslinya ditulis dengan aksara jawa bu (tulisan Carik)

      Delete
  2. Bagus sekali materinya.. Menambah wawasan dan kecintaan kita pada budaya Jawa.. Serba 8 suku kata.. Setelah pembelajaran tembang macapat buatan siswa bisa ditambahkan di kolom komentar sini bpk.. Luar biasa..

    ReplyDelete
    Replies
    1. Siap bu, memang pembelajaran Bahasa Jawa untuk jenjang SMA diharapkan siswa bisa langsung membuat tembang macapat yang sesuai dengan aturan. Untuk Tembang Macapat Kinanthi memang pada setiap Gatra atau Barisnya memiliki Guru Wilangan (Suku Kata) 8.

      Delete