Wacana Eksposisi Penganten Adat Jawa

Wacan Eksposisi yaiku wacan kang ngandharake babagan kawruh utawa informasi.

Wacan eksposisi kaperang dadi loro yaiku eksposisi analisis lan eksposisi hortarori.
1. Eksposisi analisis yaiku wacan eksposisi kang negesake panemu kang mbabar wawasan.
2. Eksposisi hortarori yaiku wacan eksposisi kang dudutane di kantheni pangajak utawa panjurung.
Wacana Eksposisi Penganten Adat Jawa
Wacana Eksposisi Penganten Adat Jawa

Ngarang wacan ekposisi Iku nggatekake babagan ing ngisor iki:

1. Nemtokake topic kang bakal ditulis
2. Milih topic dadi poko pikiran
3. Ngembangake saben pokok pikiran dadi paragraph
4. Maca maneh asile karangan kanthi titi
5. Mbenerake Manawa ana kang luput lan njangkepi Manawa ana kang kurang
6. Nulis maneh karangan kang wis dikoreksi.

Bab-bab kang kudu digatekake nalika nyunting karangan kaya kasebat ing ngisor iki:

1. Maca saben ukara kanhi nliti apa ana panulisan aksara,tembung,utawa ukara kang salah.
2. Mbenerake panulisan aksara,tembung,utawa ukara kang salah.
3. Mbenerake paragraph paragraph kang ora runtut ukarane.
4. Mbenerake gegayutan paragraph siji lan sijine

Maca wacan Ekposisi upacara adat Jawa

Upacara adat Jawa Mantu


Ing kawruh kasepuhan kang lumadi ing tanah jawa ana gegaran baku tumrap wong urip.Gegaran baku iku awujud trap-trapan urip manungsa wiwit lair nganti tumeka pralaya.Uripe manungsa kaperang dadi telu yaiku madu basa,madu rasa dan madu brata.

Madu basa tegese ngudi ing reh kabisan ing bab basa.Manungsa wiwit lair kudu nyinau basa utawa sesambungan karo manungsa liyane migunake basa.Trap-trapan kapisan iki prastawa wigatine yaiku nalika bocah dislameti rikala lair,diupacarani mawa upacara tedhak siten lan di bancaki ing saben dina klairane.Dene pungkasane yaiku nalika bocah ditetaki utawa disunat minangka pralambang si bocah wis resik lair lan batine sarta siyaga njangkah ing tataran urip kang luwih dhuwur.Udakara bocah umur limalas taun sibocah kaajab wis trampil ngrakit basa ngoko lan karma manu kahanane.

Trap-trapan kapindho diarani madu rasa.Madu rasa tegese ngudi rasa rumangsa yaiku dhasar sesambungane manungsa karo manungsa liyane.Pasrawungan ing jagad cilik wujud bale somah kudu tansah selaras.semono uga pasrawungan ing jagad gedhe wujude bebrayan agung.Siyagane manungsa napaki bebrayan mau kalambangake sarana prastawa dadi manten,urip jejodhohan antarane wong lanang karo wong wadon kang mangun urip bebarengan.Sakloron kudu urip selaras supaya nurunake wiji manungsa kang utama minangka panerus sejarahe kulawarga.

Trp-trapan kang pungkasan yaiku madu brata.Madu brata yaiku ngudi kawruh lan ngamalake panembah marang Gusti Kang Murba Dumadi manut satatane agama kang rinasuk.Panembah mau wujude ora mung rikala ngibadah manut tuntuane agama wae,nanginguga tindak-tanduk ing saben dinane supaya selaras karo dhawuh lan pepacuhe agama.

Ing upacara mantu ana rong trap-trapan kang bakal dilakoni.Rong trap-trapan kasebut yaiku madu rasa lan madu brata.Madu rasa tumrap pinanganten,dene madu barta tumrap kang gagunan gawe mantu utawa mantokake putra-putrine.Si penganten perlu diupacarani supaya anggone napaki dina-dina pasrawungane agung nemani rahayu.Tumrapkang duwe gawe mantu perlu diupacarani minangka nindakake puji-puji,pangesthi lan dedonga supaya uripeputra-putrine tansah karoba sih wilasaning Gusti Kang Mahakuwasa.Sakarone lelambaran anteping tekad,madhep mantep nedya napaking urip kang luwih becik. Ora katalompe amarga manungsa urip bebarngan mujudak bebrayan mau.mula saka iku upacara mantu uga ngrawuhake para sanak kadang,pamong mitra,perlune kasuwun donga lan panestu supaya si temanten manggih rahayu anggone mangun bale somahSemono uga upacara mantu mau pinaringan lancer,rancag lan rahayu.

Bab-bab kang ndayani ing upacara adat mau wujud wiwaha putra-putri minangka temanten mujudake prastawa wigati.wigati tumrap si temanten,tumrap kang duwe gawe mantu lan tumrap Pamuji supaya ing tembe buri si temanten resik lair lan batine sadurunge macaki dina dina anyar.Ageman jarik sidomukti kang dianggo temanten kinanthenan pangesthi muga-muga sitemanten besuke nemahi kamukten.Digunakake tetuwuhan tebu ing tarub minangka pralambang anteping kalbu si temanten anggone arep bebadra urip bebarengan.Isih akeh ubarampe ing upacara adat mantu kang ngandut pralambang-pralambang kang sarwa becik.Kabeh laku kang ditindakake ing upacara mau dening masyarakat Jawa supaya kabeh antuk berkahing Gusti Allah.