Tembang Macapat Gambuh

Tembang Gambuh – Tembang utawa sekar yaiku rumpakan basa kanthi paugeran tartamtu kang pangucape kudu nggunakake kagunan swara. Mulane ing tembang macapat ana perangan rasaning swara (titilaras) lan rasaning basa (sastra). Ing rasaning swara dikenal anane titilaras slendro lan titilaras pelog.

Titilaras slendro iku ana telung pathet, yaiku slendro pathet nem, slendro pathet sanga, lan slendro pathet manyura. Ing titilaras pelog uga ana telung pathet, pelog pathet nem, pelog pathet lima, lan pelog pathet barang. Ing tembang iku rasaning swara winengku ing rasaning basa, tegese nalika nembang kudu ngutamakake basa utawa sastrane. Mula banjur ana pedhotan kendho lan pedhotan kenceng.
Tembang Macapat Gambuh
Tembang Macapat Gambuh

Pedhotan kendho iku pedhotan kang manggon ing wekasaning tembung lan ora medhot wandaning tembung, dene pedhotan kenceng iku pedhotan kang ora manggon ing wekasaning tembung. Serat kang tinulis kanthi tembang macapat lumrahe dumadi saka pirang-pirang pupuh. Saben pupuh mau dumadi saka pirang-pirang pada. Ing saben pada bisa ditemokake guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu/swara. Arane saben pupuh mau bisa dideleng saka sasmitaning tembang lan paugerane tembang macapat.



Tembang Gambuh merupakan sebuah tembang bagian dari Serat Wedhatama yang tulis oleh KGPAA Mangkunegara IV Kesultanan Yogyakarta.

1. Pengertene tembang Gambuh

Tembang Gambuh anduweni arti tambuh, embuh, gambuh, jumbuh, lan tembung kang awanda mbuh.

2. Pathokane tembang Gambuh

Guru lagu : u,u,i,u,o Guru wilangan : 7,10,12,8,8 Guru gatra : 5

3. Watake tembang Gambuh

Watake yaiku kakulawargan/akrab, sumadulur.

4. Makna tembang Gambuh

Tembang Gambuh kui ngggambarake watak pawongan kang sansaya diwasa. Tembang iki menehi pitutur marang anak putu, patrap lan pangucap bisa nyawiji tur urip ayem tenterem.

5. Tuladha Tembang Gambuh


Pada 1

Samengko ingsun tutur,
Sembah catur supaya lumuntur,
Dihin raga, cipta jiwa, rasa, kaki,
Ing kono lamun tinemu,
Tandha nugrahing Manon.

Artinya

Kelak saya bertutur,
Empat macam sembah supaya dilestarikan,
Antara lain sembah raga, cipta, jiwa, rasa, anakku!
Disanalah akan bertemu,
tandha anugrah Tuhan.

Pada 2

Sembah raga punika,
Pakartine wong amagang laku,
Susucine asarana saking warih,
kang wus lumrah limang wektu,
wantu wataking wawaton.

Artinya

Sembah raga adalah,
Perbuatan orang yang olah batin,
Menyucikan diri dengan sarana air,
Yan sudah biasa lima waktu,
Sebagai rasa hormat terhadap waktu.

Video Tembang Macapat Gambuh



Soal Latihan Tembang Macapat Gambuh

Soal Latihan Tembang Gambuh
Soal Latihan Tembang Gambuh

2 comments: Tembang Macapat Gambuh

  1. Apakah ada kesulitan untuk menyampaikan materi ini di kelas pak..?

    ReplyDelete
    Replies
    1. Kesulitan siswa rata-rata dalam merangkai kata-katanya pak, siswa kurang kosakata dalam Bahasa Jawa. Terima Kasih sudah berkunjung

      Delete